Deskripsi
Sinopsis Buku Kumpulan Geguritan Gurit Daster lan Minyak Klentik
Buku Kumpulan Geguritan Gurit Daster lan Minyak Klentik
Ngelmu iku kalakone kanthi laku. Tembung kang ana ing tembang Pocung, Serat Wulangreh anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana IV, mratelakake menawa sakabehing ngelmu bakal migunani lamun wus den lakoni. Luwih-luwih yen bisa murakabi sarta ana guna paedahe tumraping liyan. Kang mangkono iku bakal mepes wewatakan dur angkara murih nyiptakake beciking kahanan. Salah sijine ngelmu babagan kasusastran yaiku geguritan. Asal saka tembung gurit kang ngemu teges cathetan utawa tatahan. Jinis sastra gagrak anyar iki mula bukane saka tembang, kang sateruse ngrembaka ing kalangane para penulis kanthi luwih amba maneh tata aturan panulisane.
Beda karo sastra gagrak lawas kang wus akeh dikenal yaiku kakawin, kidung lan tembang. Kang kabeh kuwi kaiket dening pathokan kang gumathok, guru lagu, guru gatra lan guru wilangan. Akeh-akehe, geguritan migunakake tembung-tembung pilihan, ngandhut isi kang mentes sarta ngemu piwulang bab kabecikan.
Muga-muga apa kang dadi sedyane penulis liwat buku geguritan iki bisa kasembadan. Katresnane marang sastra Jawa, muga nggugah semangat lan makantare para mudha uga kadang penulis sastra Jawa kanggo tansah sregep nyerat, nyurasa rasa lan kahanan liwat karya sastra Jawa, saengga ukara ngleluri, nguri-uri lan ngrembakake sastra Jawa ora mung dadi pocapan lan slogan wae.
Spesifikasi Buku
Kategori Buku: Buku Bahasa dan Sastra
Penulis : Esti Suryani
Halaman : x, 59 hlm, Uk: 14×20 cm
ISBN : 978-623-02-6120-6
Tahun Terbit : 2023
Buku Kumpulan Geguritan Gurit Daster lan Minyak Klentik ini diterbitkan oleh Penerbit Buku Pendidikan Deepublish.
Dapatkan buku-buku berkualitas hanya di Toko Buku Online Deepublish. Kami berfokus menjual buku-buku kuliah untuk Mahasiswa di seluruh Indonesia, dengan pilihan terlengkap kamu pasti mendapatkan buku yang Anda cari.
Kelebihan kami :
- Buku Baru
- Original
- Pengiriman Cepat
- Stok selalu tersedia
- Packing aman & rapi
- Garansi 100% jika produk rusak/cacat/tidak sesuai KAMI GANTI atau UANG ANDA KEMBALI
Rekomendasi Buku Lainnya
Buku Ekonomi | Buku Akuntansi | Buku Bahasa Inggris | Buku Hukum | Buku Novel
















Review
Belum ada ulasan.